Tampilkan postingan dengan label Cerita Cekak Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Cekak Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Senin, 15 Juli 2019

SETAN SENENG WONG RESIKAN


Setan Seneng Wong Resikan

Dening : Agung Pramono

 

Larasati dina iki tangi esuk amarga arep melu latihan dasar kepemimpinan ana daerah Cibodas. Mbok e kaget kadingaren anak wedok tangi esuk. Bareng   bar adus mboke takon

"Kowe kok kadingaren timen urung adzan subuh     wis tangi nduk ?" takone simbok

"Emang ra oleh mbok, aku tangi esuk" wangsulane Larasati

" Yo oleh ta, tapi biasane nek rung padang rung tangi kok" simbok sajak jik ra percaya.

" Aku arep nang Cibodas mbok, enek acara seka sekolah" jelas Larasati marang mbok ne.

"Kara sapa kowe lungane " takon simbok

" Kara kanca kelas siji mbok sak sekolah, ya sekitar 200 kanca" wangsulane Larasati sajak mbokne wis ngerti.

" Ya wis mbok, aku mangkat sik, ja lali sangune" weling Larasati.

Mbokne terus mlebu kamar kara metu maneh nggawa duit seketan loro.

"Nyoh duite, aja dientek-entekne yo. Ngko nek enek Cibodas ati-ati " welinge mbok ne sajak ra tega ditinggal Larasati.

"Iyo mbok " jawab Larasati kara nyalami mbokne terus mangkat nang sekolah

Larasati metu seka omah dipapak kancane yaiku Anton. Anton wis siap kara motore honda grand. Bareng ngerti wis enek Anton Larasati langsung mbonceng ana mburi Anton.

" Wis siap durung " pitakon Anton

"Wis siap Ton" jawab Larasati.

Pancen Larasati kara Anton iki kanca seka SMP mulakne rada akrab. Anton jane yo nge-sir Larasati nanging jare Larasati ijik cilik rasah pacaran sik.

" Larasati, jane aku naksir kowe, piye gelem ra " takone Anton wektu perpisahan SMP.

" Wegah Ton, awakne dewe isih cilik rasah pacaran sik " jare Larasati.

Mulai kuwi Larasati kara Anton krkancan nganti bateng mlebu SMA. Ora krasa motor honda grand wis mlebu ana jero sekolahan. Truk tronton TNI wis siap ana sekolah. Kancane Larasati ana sing nata ama nduwur truk tronton, ana sing lungguh- lungguh lan ana sing lagi benah- benah tas persiapan nang Cibodas.

"Larasati" suara cah wadon seko mburine Larasati. Tibakne Lembayung kancane Larasati wis tekan sekolah kiwit esuk mau.

" Larasati kowe melu gtoupku ana truk tronton nomor 3" penjelasane Lembayung

" Yo Lembayung, karo sapa wae ?”pitakon Larasati

" Akeh , cah pencinta Alam ngumpul kabeh ana truk tronton nomor 3”jelas Lembayung

“ Yo wis ayo munggah “ ajak Larasati marang Lembayung.

“ Yo ayo “ jare Lembayung

 

*****

Pak Untung , Pembina siswa menehi sambutan sak durunge mangkat lan pesen marang bocah-bocah muride kon ati-ati, aja ngomong sembarangan lan aja ngguwak sampah sembarangan. Sak bare sambutan rampung, bocah-bocah SMK Bunga Desa langsung pada nuju truk tronton sing wis disediaake yaiku jumlah e lima. Saben truk tronton diisi siswa-siswi 40 lan guru Pembina siji. Akhire jam 07.00 WIB bocah-bocah mangkat nyang Cibodas saperlu ngenekke acara latihan dasar kepemimpinan osis. (LDKO).

Bocah-bocah sing melu nyang acara kuwi atine seneng banget , sak dawane ndalan pada nyanyi-nyanyi, dagelan sak panunggalane. Apamaneh pas ana Ciawi mulai macet, kabeh pada tetembangan ana nduwur truk tronton. Sakwise rong jam, rombongan tekan Cibodas. Bocah-bocah pada ngudukne gawan disik diangkat digawa menyang tenda sing wis disiapke kancane sing wis teka disik. Bareng kabeh gawan mlebu tenda langsung pada istirahat.

Sakwise pada istirahat, makan siang lan sholat, jam 13.00 WIB acara dimulai ngrungoake materi seko kepala sekolah. Dilanjut acara pengenalan lingkungan nganti jam 16.00 WIB. Sak bubare kuwi acara bebas nganti jam 18.00 WIB saperlu sholat maghrib jamaah. Terus acara pengajian sambil nunggu sholat isya berjamaah. Bar sholat isya bocah-bocah pada mangan lan acara bebas.

Jam 21.00 WIB acara malam dimulai, kanti nyalakne api unggun kanggo ngusir adem lan ben ketok padang. Acara terus dimulai nganti acara renungan. Pas acara renungan ana swara tangis saka kelompok wedok. Tibakne sing nangis Larasati. Tapi bar nangis Larasati langsung ngguyu cekaklakan.

“Hiii….hiii…hiii, haaa….haaa…haa “ swara Larasati sajak aneh.

“Sapa sing ngganggu omahku…sapa sing ngganggu omahku”

Tibakne jare wong pinter neng daerah kana Larasati kemasukan setan. Mungkin mau Larasati atine rada kosong, mulakne ana setan sing mlebu nyang ragane. Larasati terus nangis lan diselingi ngguyu cekaklakan. Kancane pada macakne bacaan Alquran gentian. Kadang saat-saat tertentu Larasati meneng, kadang nangis lan kadang ngguyu.

“Hiii….hiii…hiii, haaa….haaa…haa “ swara Larasati sajak aneh.

“Sapa sing ngganggu omahku…sapa sing ngganggu omahku”

Selalu kata-kata kuwi metu seko “Hiii….hiii…hiii, haaa….haaa…haa “ swara Larasati sajak aneh.

“Sapa sing ngganggu omahku…sapa sing ngganggu omahku”

“Hiii….hiii…hiii, haaa….haaa…haa “ swara Larasati sajak aneh.

“Sapa sing ngganggu omahku…sapa sing ngganggu omahku”

Larasati muna-muni terus, dewekne ora isa ngendalakne pikirane. Guru-guru terus mbantu Larasati ben enggal mari. Sawijine guru pinter masalah ngono iku malah iso diajak ngobrol.

“He sing manggon ana ragane Larasati,gek metua” ujare pak Dian samba diring bacaan-bacaan Alquran

“Ora sudi aku ninggalke ragane Larasati” ucape setan seka mulute Larasati.

“Kenapa kowe ngganggu marang manungsa memang e kenapa “ pak Dian nimpali maneh samba ngekei banyu putih.

“ Aku bakal mlebu marang manungsa sing gampang dileboni yaiku bocah-bocah sing ngalamun.” Jarene setan

“Terus aku ra seneng, omahku diganggu. Lan bocah-bocah mbuang sampah sembarangan. Ana maneh bocah sing ngguwak pembalut sak enggon-enggon.

“Oo ngono ta, tapi kowe tetep metu seka ragane Larasati iki”ujare pak Dian maneh.sambi maca Alquran. Larasati sajak nangis terus, terus ngguyu lan bengok-bengok. Larasati akhire pingsan.

Pak Untung langsung ngakon bocah-bocah ngresiki daerah sekitar tenda lan meling yen ngomong sing ati-ati. Tibakne Lembayung kancane Larasati ngerti barang sing alus, alias ngerti setan. Jare Larasati setan seneng nggon sing ngrembuyuk lan ora seneng yen nggone di ganggu. Setan nesu yen bocah-bocah ngguwak sampah sembarangan. Lembayung mbisiki Larasati sing pingsan. Ora let sedela Larasati siuman. Ditakoni marang Lembayung apa sing lagi kedaden, Larasati ra kelingan.

“Larasati kowe mau bengok-bengok,nangis terus ngguyu ngerti ra “takon Lembayung marang Larasati.

“Mbuh aku ra kelingan apa sing kedaden.” jare Larasati

“Oo ya wis pancen bocah sing kelebon setan ra bakal kelingan “ jelas Lembayung samba ngelus-elus rambute Larasati. Ra sedela Larasati turu no pangkone Lembayung.

 

******

Esusk-esuk bocah-bocah pada olah raga senam, ra enek sing mbahas kedaden mau bengi. Acara terus dimulai, warna-warni acara seka esuk nganti wengi kaleksanan kanti lancer. Akhire acara malam api unggun wis siap dimulai. Anton sing kiwit wingi ra ketok sajak nyiapke kayu bakar kanggo acara api unggun. Terus kayune disumet, swara bocah-bocah mulai rame.

“Api..api kita sudah menyala..” swara bareng sajak rame tenan  sampai akhir malam ditutup renungan maneh. Pas renungan sing dipandegani dening ustadz Sabar sajak khusuk, malah enek bocah sing nangis sesenggukan. Bocah pada sadar nduwe dosa marang ibu bapake. Nanging kabeh dikagetne marang swara tangis lan cekaklakan seka tenda wedok manek. Tibakne Larasati kelebon setan maneh. Kedaden sing wingi bali maneh, dewekne nangis, bar kuwi bengok-bengok terus ngguyu. Kancane siaga kanti maca Alquran. Tibakne Larasati ngalamun atine kosong dadi setang gampang masuk. Tibakne Larasati lagi entuk datang bulan. Mungkin karana kotor kuwi gampang dileboni setan.

Lembayung terus ngancani Larasati nganti sadar lan takon kenapa kok pikirane kosong.

“Larasati kenapa kok pikiranmu kosong, kowe mikir apa ?” takon Lembayung

“Mungkin karana aku datang bulan, ora shalat dadi gampang klebon setan”jelas Larasati

“Sak liyane kuwi apa sing mbok pikirke “ Lembayung takon maneh sajak ra percaya jawaban Larasati.

“Aku kelingan marang mbokku, aku nduwe dosa akeh marang mbokku Lembayung “ ucape Larasati karo nangis maneh.

“Mulakne kowe gampang klebon setan, pikiranmu kosong, kowe mikirke dosamu marang mbokmu” jelas Lembayung

“Iyo “ jawab Larasati

“Saiki kanti tulusing ati, njaluka pangapura marang mbokmu, arepa adoh geg ndang omongno”penjaluke Lembayung

“ Yo “ jawabe singkat Larasati

 

****

Akhire sakwise rang ndina rang bengi acara latihan dasar kepemimpinan osis ditutup dening pak Untung. Pas acara penutupan pak Untung ngajak marang bocah-bocah anak didike dadio wong sing resikan, saguh ngresiki alam sekitare. Dadio wong sing jujur,aja ngomong sak anggere lan aja seneng ngalamun amarga nek ngalamun gampang kelebon setan.

Sakdurunge bali, bocah-bocah pada kumpul lan ngenekne operasi semut, ngesiki alam sekitare, ngrawat tetuwuhan sing wis dienggo lan mbalekne marang keadaan asline. Bareng pada wis kumpul akhire rombongan bocah-bocah SMK Bunga Desa bali maneh neng daerah asale.

Bareng tekan ngomah dianter karo Anton Larasati langsung nemoni mboke lan njaluk ngapura atas keluputane sing wis kedaden marang mboke sing disengaja utawa ora di sengaja. Mboke akhire ya lega atine, anake bali dadi bocah sing pangerten marang wong tua.

TangSel, Juli 2019

 

 

HAKEKAT GURU

HAKEKAT GURU Pengertian guru menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia memiliki arti orang yang mengajar. Jika profesinya mengajar baik di seko...